
Maap, cerita di bawah hanya dibuat dalam versi jawa timur karena belum ada fasilitas bi-lingual dalam system kami. Jika anda kesulitan menerjemahkannya, carilah orang jawa untuk membantu anda. hehe..
Waktu iku bar mulih tekan Rumah Sakit nggone biasa aku MCU. Iseng2 nggawe kartu asuransi cek ono gunane (Eman tah lek ora digawe..!!). Arep mulih kok ganok tumpakan, walah,.. bingung aku. Kate naksi eman duwite, kate mlaku eman segone, kate mlayu eman sikile (iso2 sek tekan porong dengkulku wes anjlog). Yoweslah, mumpung krungu adan Ashar nang mushola cedak kono, aku mampir dhisik wae. Mari sholat, aku nyegat mikrolet "I" nang pinggir dalan. ujug2 sing tak enteni moro. Gag kati' kesuwen, drijiku langsung ngacung nang ngarep. Rupane supir angkote wes paham maksudku (yaeyalah,.. nandi2 ae lek arep numpak angkot lak yo ngunu tah.. hehehe.).
Mari mikrolete mandek, aku yo munggah ae. Tak rungok2no, nang njero ono wong sing ket maeng ngobrol terus karo supire. Kiro2 oleh setengah jam, aku krungu kata2 sing menurutku jeruuu,... maknane. Gag nyongko iso krungu kata2 koyok ngunu, opo maneh sing ngomong iku mung koncone supir angkot (lek tak rungok2ne seh, wonge iku sek pengangguran sing kaet entuk oleh garapan. Lha rupane supir iki yo kepingin melok pisan. Berarti lak ninggalno penggaweane saiki toh.?).
"Sampeyan iki opo karepe,.?? Wes duwe penggawean penak koyok ngene sek karep melok aku sing ra jelas jluntrungane. Iki ae durung mesti luwih gede olehe timbangane sampeyan nyupir. Sampeyan Arep ngguwak Sego, terus nggolek Upo ngunu tah..?"
Tidak ada komentar:
Posting Komentar